Sabtu, 28 September 2019

ABANG BIRU

ABANG BIRU
Denin : Aksara Sudra

Kaya dene werna abang semu ireng
Nggaris tumandes sak njeroning ati
Mambu ganda bacin ngambar-ambar
Kasaput samirana

Kahanan wis ora bisa ngracik ukara tresna
Sing tansah ngiwi-iwi
Apa maneh gawe tembang asmaradhana
Rasa pangrasa wus sirna
Beberengan remuk rempuning ati iki

Raga tuwa
Wus ilang daya upayane
Cahyaning ora katon padang maneh
Kaya wingi uni

Raga tuwa
Wus lungkrah guwayane
Saiki hamung kasampir ing pinggiring kori


Tuladha budhi,panggula wenta