GEGURITAN RUCAH
Selasa, 21 April 2020
Kamis, 03 Oktober 2019
Sabtu, 28 September 2019
ABANG BIRU
ABANG
BIRU
Denin : Aksara Sudra
Kaya dene
werna abang semu ireng
Nggaris
tumandes sak njeroning ati
Mambu ganda
bacin ngambar-ambar
Kasaput
samirana
Kahanan wis
ora bisa ngracik ukara tresna
Sing tansah
ngiwi-iwi
Apa maneh
gawe tembang asmaradhana
Rasa pangrasa
wus sirna
Beberengan
remuk rempuning ati iki
Raga tuwa
Wus ilang
daya upayane
Cahyaning
ora katon padang maneh
Kaya wingi
uni
Raga tuwa
Wus lungkrah
guwayane
Saiki hamung
kasampir ing pinggiring kori
Minggu, 20 Agustus 2017
REUNI
REUNI
Rasaku kawur katiyup samirana
prasasat ngubengi jagat kang wus kliwat
rasa pangrasa tansah temlawung
marang jaman kang wus kawuri
Isih kelingan cetha wela-wela
nalikane para kadang pada gegojekan
ing pawiyatan luhur,
kabeh cahyaning pada sumringah
kayadene meseme kembang melati
Rasa kangen iku tansah kasimpen
sajrone ati linambaran prastya suci
sanajan kabeh mau wis beda ing kahanan
ananging rajutan rajutan tali silaturahmi
kudu tansah cinekel kenceng ing ati suci
Minggu, 09 April 2017
LINGSIR
LINGSIR
Srengene wis ngglempang
semampir ing pojok garis langit
sing ditinggal hamung cahya burem
mertandani kahanan peteng sing bakal teka
Aku ora selak yen saiki
sliramu tansah amping-amping pepeteng
kanggo nguripi bocah-bocah,
ora perlu sumelang kabeh mau
isih dadi lelakon, sing tundone mesti ana
tutupe laku kanggo nggayuh kanugrahan
Aja sumelang uga aja tida-tida
yen gusti kang murbeng jagat paring welas lan asih marang
kawulane
sing bener-bener duwi gegayuhan becik
Delengen srengenge sing wis lingsir kae
ana garis putih nyleret ngubengi jagat
nganti ra isa disawang, ilang ing pandulu
yo kuwi mertandani tresnaku tanpa wates
lila legawa nampa sliramu apa anane
(Aksara sudra
tutup tahun 2016)
Senin, 20 Maret 2017
BECIK KETITIK ALA KETARA
BECIK
KETITIK ALA KETARA
: kanggo
sliramu
: Bebarengan
mangsa sing tansah sulaya
ukara ukara
iku tak tulis linambaran rasa kuciwa
kayadene
suweke godong gedang kasuput angin lesus
rojah rajeh
tan bisa ditambal maneh
ukara sing
tansah ndak simpen rapet ing pokjok ati
saiki wutah
tan bisa dibendung maneh
kaya miline
segara nalika mangsa prahara
ya amarga
pituturmu sing tanpa waton tansah sujana tanpa landesan
sliramu
tansah cubriya yen aku pancen maling aguna, saben saben sliramu
kelangan
donya brana
aku pancen
wis ora pakra golek banda donya
amarga
lungkrahe raga sing tuwa tan kuwawa ngupaya upa
aku nglegena
sak kabehane
nanging aku
dudu maling aguna sing tansah nyolong njupuk
darbeke
liyan apa maneh nggone wong sing tak tresnani
nanging
kabeh mau tanpa guna anggonku menehi alesan
sliramu
tetep wae gawe prasangka yen aku maling aguna
ya mung
kanti ukara sing dak rakit kanti tetesing luh
muga muga
bisa ndadeake entenge rasa sing tan kuwawa tak sangga
ati iki
saiki dadi suwung tanpa rasa tresna
anane amung
rasa gela lan kuciwa
kabeh mau
pancen garis sing kudu tak tanpa kanti legawa
legawa lan
percaya yen becik pasti ketitik lan ala mestine ketara
jomblang
21 maret 2017
Langganan:
Postingan (Atom)