Senin, 20 Maret 2017

BECIK KETITIK ALA KETARA



BECIK KETITIK ALA KETARA
: kanggo sliramu

: Bebarengan mangsa sing tansah sulaya
ukara ukara iku tak tulis linambaran rasa kuciwa
kayadene suweke godong gedang kasuput angin lesus
rojah rajeh tan bisa ditambal maneh

ukara sing tansah ndak simpen rapet ing pokjok ati
saiki wutah tan bisa dibendung maneh
kaya miline segara nalika mangsa prahara
ya amarga pituturmu sing tanpa waton tansah sujana tanpa landesan
sliramu tansah cubriya yen aku pancen maling aguna, saben saben sliramu
kelangan donya brana

aku pancen wis ora pakra golek banda donya
amarga lungkrahe raga sing tuwa tan kuwawa ngupaya upa
aku nglegena sak kabehane
nanging aku dudu maling aguna sing tansah nyolong njupuk
darbeke liyan apa maneh nggone wong sing tak tresnani
nanging kabeh mau tanpa guna anggonku menehi alesan
sliramu tetep wae gawe prasangka yen aku maling aguna

ya mung kanti ukara sing dak rakit kanti tetesing luh
muga muga bisa ndadeake entenge rasa sing tan kuwawa tak sangga
ati iki saiki dadi suwung tanpa rasa tresna
anane amung rasa gela lan kuciwa
kabeh mau pancen garis sing kudu tak tanpa kanti legawa
legawa lan percaya yen becik pasti ketitik lan ala mestine ketara
                                                                        jomblang 21 maret 2017



Tidak ada komentar:

Posting Komentar