Minggu, 20 Agustus 2017

REUNI



REUNI
Rasaku kawur katiyup samirana
prasasat ngubengi jagat kang wus kliwat
rasa pangrasa tansah temlawung
marang jaman kang wus kawuri

Isih kelingan cetha wela-wela
nalikane para kadang pada gegojekan
ing pawiyatan luhur,
kabeh cahyaning pada sumringah
kayadene meseme kembang melati

Rasa kangen iku tansah kasimpen
sajrone ati linambaran prastya suci
sanajan kabeh mau wis beda ing kahanan
ananging rajutan rajutan tali silaturahmi
kudu tansah cinekel kenceng ing ati suci


Minggu, 09 April 2017

LINGSIR



LINGSIR

Srengene wis ngglempang
semampir ing pojok garis langit
sing ditinggal hamung cahya burem
mertandani kahanan peteng sing bakal teka

Aku ora selak yen saiki
sliramu tansah amping-amping pepeteng
kanggo nguripi bocah-bocah,
ora perlu sumelang kabeh mau
isih dadi lelakon, sing tundone mesti ana
tutupe laku kanggo nggayuh kanugrahan

Aja sumelang uga aja tida-tida
yen gusti kang murbeng jagat paring welas lan asih marang kawulane
sing bener-bener duwi gegayuhan becik

Delengen srengenge sing wis lingsir kae
ana garis putih nyleret ngubengi jagat
nganti ra isa disawang, ilang ing pandulu
yo kuwi mertandani tresnaku tanpa wates
lila legawa nampa sliramu apa anane

        (Aksara sudra tutup tahun 2016)

Senin, 20 Maret 2017

BECIK KETITIK ALA KETARA



BECIK KETITIK ALA KETARA
: kanggo sliramu

: Bebarengan mangsa sing tansah sulaya
ukara ukara iku tak tulis linambaran rasa kuciwa
kayadene suweke godong gedang kasuput angin lesus
rojah rajeh tan bisa ditambal maneh

ukara sing tansah ndak simpen rapet ing pokjok ati
saiki wutah tan bisa dibendung maneh
kaya miline segara nalika mangsa prahara
ya amarga pituturmu sing tanpa waton tansah sujana tanpa landesan
sliramu tansah cubriya yen aku pancen maling aguna, saben saben sliramu
kelangan donya brana

aku pancen wis ora pakra golek banda donya
amarga lungkrahe raga sing tuwa tan kuwawa ngupaya upa
aku nglegena sak kabehane
nanging aku dudu maling aguna sing tansah nyolong njupuk
darbeke liyan apa maneh nggone wong sing tak tresnani
nanging kabeh mau tanpa guna anggonku menehi alesan
sliramu tetep wae gawe prasangka yen aku maling aguna

ya mung kanti ukara sing dak rakit kanti tetesing luh
muga muga bisa ndadeake entenge rasa sing tan kuwawa tak sangga
ati iki saiki dadi suwung tanpa rasa tresna
anane amung rasa gela lan kuciwa
kabeh mau pancen garis sing kudu tak tanpa kanti legawa
legawa lan percaya yen becik pasti ketitik lan ala mestine ketara
                                                                        jomblang 21 maret 2017



Senin, 06 Maret 2017

KEMBANG KUWI



Kembang kuwi

Biyen tak tandur kanti ati-ati
minangka tetenger yen aku
wis duwe gegantilane ati

Tak siram nganggo banyu bening
kaya beninge atiku kala semana
ndak rumat kanti rasa tresna

Saben dina tansah tak sawang tak rengkuh kayadene kelangenan kang ra bisa ilang

Kembang kuwi
saiki wis malih warnane
godonge pada mranggas suwek rojah rajeh kelangan sunar ijo pupuse

Kembang kuwi
Wus ilang sunar eseme
kayadene atiku sing keduwung amarga ra bisa ngruket sliramu semeleh ninggal raga
sowan ing kasuwargan suci

Kamis, 23 Februari 2017

NGLANGUT



NGLANGUT
Dening : Aksara Sudra

Nglangut
ngenteni pengarep-arep
kang tanpa wates
tanpa jangka sing gumatok
kaya ngenteni sileme watu kambang

Nglangut
nunggu kabar sing kabur
kegawa angin tanpa paran
kaya golek susuhing angin