Senin, 20 Maret 2017

BECIK KETITIK ALA KETARA



BECIK KETITIK ALA KETARA
: kanggo sliramu

: Bebarengan mangsa sing tansah sulaya
ukara ukara iku tak tulis linambaran rasa kuciwa
kayadene suweke godong gedang kasuput angin lesus
rojah rajeh tan bisa ditambal maneh

ukara sing tansah ndak simpen rapet ing pokjok ati
saiki wutah tan bisa dibendung maneh
kaya miline segara nalika mangsa prahara
ya amarga pituturmu sing tanpa waton tansah sujana tanpa landesan
sliramu tansah cubriya yen aku pancen maling aguna, saben saben sliramu
kelangan donya brana

aku pancen wis ora pakra golek banda donya
amarga lungkrahe raga sing tuwa tan kuwawa ngupaya upa
aku nglegena sak kabehane
nanging aku dudu maling aguna sing tansah nyolong njupuk
darbeke liyan apa maneh nggone wong sing tak tresnani
nanging kabeh mau tanpa guna anggonku menehi alesan
sliramu tetep wae gawe prasangka yen aku maling aguna

ya mung kanti ukara sing dak rakit kanti tetesing luh
muga muga bisa ndadeake entenge rasa sing tan kuwawa tak sangga
ati iki saiki dadi suwung tanpa rasa tresna
anane amung rasa gela lan kuciwa
kabeh mau pancen garis sing kudu tak tanpa kanti legawa
legawa lan percaya yen becik pasti ketitik lan ala mestine ketara
                                                                        jomblang 21 maret 2017



Senin, 06 Maret 2017

KEMBANG KUWI



Kembang kuwi

Biyen tak tandur kanti ati-ati
minangka tetenger yen aku
wis duwe gegantilane ati

Tak siram nganggo banyu bening
kaya beninge atiku kala semana
ndak rumat kanti rasa tresna

Saben dina tansah tak sawang tak rengkuh kayadene kelangenan kang ra bisa ilang

Kembang kuwi
saiki wis malih warnane
godonge pada mranggas suwek rojah rajeh kelangan sunar ijo pupuse

Kembang kuwi
Wus ilang sunar eseme
kayadene atiku sing keduwung amarga ra bisa ngruket sliramu semeleh ninggal raga
sowan ing kasuwargan suci