SATRIA
NEGARA
Dening :
Aksara Sudra
(diarani
cumantoko mangga kersa,
Jalaran
ukara iki ambrol kaya lumbering
Segara tanpa
kuwawa ngrekso)
Kabeh pancen
wus dumadi
jangkaning
jagat tan bisa diselaki maneh
pancen ora
jumbuh karo gegayuhan dek wingi uni
Kabeh wus
dumadi
SATRIA
NEGARA ngadek mandegani praja diraja
asilap kaca
Negara
tan prabeda
ratu timur mbangun
BALAI
SIGOLO-GOLO
Kabeh pancen
durung kewaca
iku
abang,ijo utawa biru
nanging
jangkaning jagat kudu dumadi
ya iki jaman
KALA CUBRIYA ….!
Panguasa
pada suwala ing janji
ilang rasa
pangrasa marang kawula
SATRIA
NEGARA among paring sanggan tanpa kaluwihan
Kanggo
migunani kawula alit
Kabeh among
butuh mejeng
kareben
disawang kajen
tanpa nggawa
pangerten negari
Nuswantara
kang suci