Selasa, 21 Februari 2017

GEGURITAN RUCAH



ABANG BIRU

Kaya dene werna abang semu ireng
nggaris tumandes sak njeroning ati
mambu ganda bacin mangambar-ambar
kasaput ing samirana

Kahanan wis ra bisa ngracik ukara tresna
sing tansah ngiwi-ngiwi
apa maneh gawe tembang asmaradana
rasa pangrasa wus sirna
bebarengan remuk rempuning ati iki

Raga tuwa
wus ilang daya upayane
cahyaning ora katon padang
kaya wingi uni

Raga tuwa
wus lungkrah guwayane
saiki hamung kasampir ing pinggiring kori

Tuladha , budhi , panggula wentah
wus ra ana pangaji-aji
anane hamung pandulu netra nistha

Katresnan wus ilang ing pandulu
kawur mabur ing angkasa
kacepit mega biru

Sanak kadhang putra wayah
wus ilang ing rasa pangangen-angen
wewayangan sepi tansah kasanding
rina kelawan wengi

Padange kahanan ora kathon maneka warna
anane hamung biru klawu
kaya birune ati kang lagi suwung

Raga tuwa
wus semplah kantaka tanpa kanca
mangantu-antu pujastawaning Gusti
ing pasingidan kang pungkasan


                   ( Aksara Sudra; panti werdha semarang )


1 komentar: