Kamis, 23 Februari 2017

SATRIA NEGARA



SATRIA NEGARA
Dening : Aksara Sudra

(diarani cumantoko mangga kersa,
Jalaran ukara iki ambrol kaya lumbering
Segara tanpa kuwawa ngrekso)

Kabeh pancen wus dumadi
jangkaning jagat tan bisa diselaki maneh
pancen ora jumbuh karo gegayuhan dek wingi uni

Kabeh wus dumadi
SATRIA NEGARA ngadek mandegani praja diraja
asilap kaca Negara
tan prabeda ratu timur mbangun
BALAI SIGOLO-GOLO

Kabeh pancen durung kewaca
iku abang,ijo utawa biru
nanging jangkaning jagat kudu dumadi
ya iki jaman KALA CUBRIYA ….!


 Panguasa pada suwala ing janji
ilang rasa pangrasa marang kawula
SATRIA NEGARA among paring sanggan tanpa kaluwihan
Kanggo migunani kawula alit

Kabeh among butuh mejeng
kareben disawang kajen
tanpa nggawa pangerten negari
Nuswantara kang suci

 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar