IKU SAPA
Dening : Aksara Sudra
Iku sapa
sing mlaku
nguruti dalan
wayah ratri
nggendong
ati nututi wengi
Iku sapa
sing tansah
ngagem kemben pinjung
nglegena
tanpa kanca
ngadang
kereme wengi
Iku sapa
sing nduwe
surya tanpa warna
tan prabeda
wengi tanpa cahya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar