Kamis, 23 Februari 2017

GODONG GEDANG



GODONG GEDANG
Dening : Aksara Sudra

Simbok…..
Godong gedang dadi sasmitamu
Antarane gegayuhan lan tuladha
Reroncening godong isih tansah katon ing wewayangan
rina kelawan wengi

Simbok…..
Ijone godong gedang iku
Isih kewaca garis garis tuladha tanpa cela
Kabeh tumata rata kaya samodra legawa ing tyas

Simbok…..
Tanpa kanyana, datan kinira
Menawa godong gedang iku
Sasmita nyata panjenengan
Ninggal lunga nututi bapa
tumuju balai suwarga



1 komentar: